#recent-posts li {list-style: none;border-bottom: 1px dotted #ff5848;padding-bottom: 10px;padding-top: 10px;}

If I could, turn back time.... Then I would, rewrite those lines.....

Your name

www.your-url-here.com
Your own description here. Edit it.
About Me
Replace this with your own description here. Go to "Edit HTML" to change this.

Selasa, 08 Mei 2018


Assalaamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillaah robbil ‘alamin.
Washolatu wassalamu a’la ashrofil ambiyya iwal mursalim,wa’ala alihi washohbihi aj mai’n,amma ba’ du.

       Wonten ngarsanipun sesepuh pini sepuh ingkang pantes nampi sagunging pakurmatan, wonten ngarsanipun para alim ulowo ingkang pantes luhur ing budi. Kaum muslimin rokhimakumulloh mugi keparengno kawulo sumela matur. Wonten ngarsapanjenengan se doyo. Hananging sak derengipun, kawula ha ngaturaken menggah urut reroncening hadi cara Syawalan injing punika, langkung rumiyin sumangga kita sareng-sareng ngonjukaken puji lan syukur kanjuk ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring rachmah, lan hidayah tuwin inayah. Saingga kita saget kempal wonten ing papan puniko nun injih Masjid ..........................
Kaum muslim rahimakumullah. Kula bade angaturaken menggah urut reroncining adicara ing kelenggahan puniko.

Adicara ingkang:
Ongko satunggal : pambuko
Ongko kalih : sambutan panitia/takmir
Ongko tigo : sambutan aturipun muda/mudi
Ongko sekawan : sambutan Ibu Dukuh wakil tiyang sepuh soho ikraripun
Ongko Gangsal panutup.

·        Pramilo sumangga adicara syawalan injing punika kita bikak kanti maos Basmallah
·        Ngancik adicara ongko kalih,
Sambutan panitya/ takmir Masjid. Dumateng panjenenganipun Bapak .................... Wekdal soho papan kawulo aturaken.
·  Angancik adicara ongko tigo. Atur sambutan saking kadang muda/mudi dumateng saudara ....................... wekdal kulo aturaken.
·  Adicara ongko sekawan. Mugi keparenga .................................. minangko wakil tiyang sepuh. Kalajengaken ikrar.
  Mekaten lampahing adi cara Syawalan injing puniko, mbok bilih kula khatah klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami. Monggo kito tutup lampahipun adi cara puniko kanthi waosan hamdallah.

Wassalaamu’alaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar