UPACARA ADAT PERNIKAHAN
Prosesi menika ingkang badhe dipunandharaken wonten
ngandhap menika.
1. Nontoni
Nontoni inggih menika mirsani sinten tiyang ingkang
badhe dipunajak bebojoan. Nontoni menika dipuntummindakaken jalaran menawi
jaman kapengker, tiyang jawi ingkang badhe dipunjodhohaken dereng mesthi
ngertos sinten ingkang mangkeh dados garwanipun. Nontoni menika
dipuntumindakaken kaliyan tiyang jaler. Saking kaluwarga ingkang jaler, ngirim
utusan kangge mirsani tiyang estri ingkang badhe dipundadosaken mantu. menawi
sampun lajeng pihak ingkang jaler kersa kaliyan calonipun, salajengipun inggih
menika acara lamaran.
2. Paningset
Paningset inggih menika upacara saking kaluwarga jaler
maringaken barang ingkang dados simbol pangiket antawis temanten jaler kaliyan
temanten estri. Barang ingkang dipunparingaken dhumateng temanten putri kados
kalengkapan ibadah, adus, rias, lan sapanunggalanipun.
3. Tarub
Menawi sampun dipuntumindakaken paningsetan,
salajengipun inggih menika tarub. Tarub inggih menika prosesi adat ingkang
awujud pasang janur. Janur menika dipunpasang wonten ngajeng saderengipun
mlebet latar ingkang gadhah mantu. Janur wau dipunrias kanthi sae lajeng
dipundamel kados gapura. Setunggal janur dipunpasang wonten tengen lajeng
setunggal malih wonten kiwa, lajeng mangke pucuking janur wau kepanggih wonten
tengah.
4. Tuwuhan
Nalika pasang tarub wau, lajeng dipuntumindakaken
pasang tuwuhan. Tuwuhan menika kangge dipunjangkepi tarub. Lajeng ingkang
wonten tuwuhan menika awujud tundunan klapa gadhing, klapa ingkang sampun
garing, pari ingkang tasih wonten gagange, godhong kemuning, suket alang-alang,
godhong kluweh, tebu wulung, gedhang raja ayu ingkang tasih wonten tuntunipun.
Menawi sampun pasang tarub, lajeng Bapa Biyung ngagem jarik cakarayam. Tarub
menika dipuntumindakaken sareng kaliyan prosesi siraman manten.
5. Nyantri
Nyantri inggih menika prosesi ingkang awujud nitipaken
temanten kakung wonten griyanipun temanten putri. temanten menika wonten
griyanipun temanten putri setunggal utawi kalih dinten saderengipun acara
nikahan.
6. Siraman
Acara siraman dilaksanakaken sareng kaliyan pasang
tarub. Acara siraman menika tujuwanipun kangge nyuciake temanten. Ingkang
dipunginakaken kangge siraman inggih menika kembang setaman, godhong-godhongan,
dlingo bengle, klapa ijo ingkang tasih wonten sepetipun, kendhi, mori, lan
sapanunggalanipun. Urut-urutanipun acara siraman inggih menika:
a. Para
pinisepuh masuh temanten ngangge toya ingkang sampun dipuncampur kembang.
b. Temanten
mecahaken kendhi.
c. Temanten
putri dipuncukur sekedhik rikmanipun.
d. Tiyang
sepuh temanten putri nggendhong temanten putri.
e. Tiyang
sepuh ngajak dodol dhawet temanten putri.
f. Tiyang
sepuh ndulang putinipun.
7. Midodareni
Acara midodareni menika dipuntumindakaken nalika
ndalu. Nalika midodareni, temanten putri dipunrias kados widadari lajeng boten
angsal tilem ngantos tabuh 12 wengi.
8. Ijab
Acara ijab menika, temanten kakung kaliyan putri
ngucapaken janji lajeng saking kaluwarga temanten kakung maringi mas kawin
kangge temanten putri.
9. Panggih
Acara panggih menika acara ingkang pungkasan saking
upacara pengantin Jawi. Nalika panggih, wonten urut-urutanipun inggih menika:
a. Pasrah
tinampi, inggih menika masrahaken temanten kakung dhumateng kaluwarga temanten
putri.
b. Pasrah
pisang sanggan
c. Tukar
kembang mayang
d. Balangan
gantal, inggih menika temanten kakung kaliyan putri balang-balangan godhong
sirih.
e. Wijidadi,
inggih menika temanten kakung ngidak tigan pitik ngangge samparan ingkang
tengen.
f. Junjung
derajat, inggih menika temantenkakung ngangkat temanten putri.
g. Unjukan
tirto wening, inggih menika unjukan saking tiyang sepuh temanten putri kangge
temanten kalih.
h. Sinduran,
inggih menika Bapa temanten putri nuntun temanten kekalih nuju pelaminan dene
Biyung temanten putri ingkang nyampiraken kain sindur.
i. Pangkon,
inggih menika para temanten lungguh dipunpangku dening Bapa temanten putri.
j. Tanem
jero, inggih menika Bapa temanten putri nglungguhaken temanten wonten kursi
pelaminan.
k. Kacar-kucur,
inggih menika prosesi ingkang awujud temanten putra ngucuraken beras kuning
wonten pangkuwanipun temanten putri.
l. Dhahar
kalimah, inggih menika para temanten dulang-dulangan.
m. Jemput
besan, inggih menika tiyang sepuh temanten putri methuk tiyang sepuh temanten
kakung lajeng sareng-sareng nuju pellaminan.
n. Sungkeman,
inggih menika para temanten sungkem kaliyan tiyang sepahipun.
Tataran sak derengipun Mantu
Nontoni
Nontoni menika salah setunggaling sarana silaturrahmi dhateng keluarga calon besan,keluarga
calon pengantin sekalian putra kakung kang bade pun nikahaken ugi tumut,
ingkang estinipun nepangaken calon temanten kekalih ingkang pun jodohaken,
Keranten wonten ing jaman kina adicara perjodohan tasik kalampah, sahengga perlu dipun wontenaken adicaranontoni
menika, amargi dereng samya tepang setunggal lan setunggalipun.Biasanipun
saksampunipun keluarga dugi wonten dalemipun calon pengantin putri,
calon putri pun tepangaken kaliyan keluarga calon pengantin kakung
kanthi sarana
calon penganten putri dipun aturi medal kasamar, umpaminipun kanthi sarana ngedalaken pasugatan lanunjukan
wonten ing panggenan kempaling para tamu, kanthi mekaten sedaya keluarga
calontemanten kekaleh ing samya njodohaken putra putrinipun samya pitepangan
kanthi langkungrumaket.Ananging wonten ing mangsa sakmenika adicara nontoni
sampun kirang kaprah kalampah,amargi adat perjodohan tiyang sepuh sampun arang
lan meh mboten wonten ( mboten ategesical, keranten tasih wonten keluarga
ingkang tasih mbudi daya adat perjodohan wonten inglingkungan tartamtu ).
Ananging ingkang kaprah, calon temanten sakderengipun dinikahaken, sampun
sami-sami pitepangan piyambak-piyambak, biasanipun seng kakunginggih sampun
asring tindak wonten panggenanipun kang putri, ingkang putri, ugi sampunnate
dipun ajak ingkang kakung wonten ing griyanipun, kanthi mekaten sedaya
keluargasampun pitepangan sakderengipun adicara mantu kalampah, menawi mekaten
adicara nontonimenawi mboten dipun laksanakaken mboten punapa-punapa.
1.Lamaran
” Lamaran inggih punika rerangken tata
cara parapara ingkang badhe bebesanan,
salajengipun badhe tumuju dhateng tata
cara pawiwahan adat jawi, tata cara lamaran punika minangka tata trapsila
lan subasitaning bebrayan.Tata cara sanesipun inggih menika :
²
Ningset utawi atur
srah-srahan sanggan.
²
Siraman
²
Malem midodarenI
²
Ijab qobul. Tuwin
²
Upacara dhaup..
Leresipun ingkang nindakaken panglamar
punika inggih tiyang sepuhipu putra kakung piyambak, limrahipun, tiyang sepuhipun putra kakung lajeng ngresaya kulawarganipuningkang
cinaket supados nindakaken panglamar.Putra kakung mboten perlu nderek wonten
ing panglamaran, sedaya kala wau namungkangge ngawekani mbokbilih lamaran
kalawau dipuntolak, ingkang tamtu sanget damellingsemipun kulawarga utawi putra
kakung piyambak.Amargi tata cara lamaran namung mujudaken pepanggihan
tiyang sepuhipun putra kakungtuwin tiyang sepuhipun putri kemawon, tata cara
lamaran saged dipun tindakaken kanthi prasaja, mboten kedah mawi upacara
utawi ugi mboten prelu wonten pranatacara adicara.
2. Siraman
Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé
calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburiomah
utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.
3.Midodarèni
saking tembung widadari, pikantuk ater-ater hanuswara (m-)
saha panambang (-i). Midodarèni tegesipun tumindaking tata upacara
kanthi ancas pinangantèn kados widadara saha widadari.
Acara midodarèni menika dipunadaniwayah
dalu nalika sasampunipun acarasiraman. Ingkang rawuh wonten ing dalemipuncalon pengantèn putri menika inggih
menika kaluwarga, tangga teparonipun calon pengantèn
putri, calon pengantèn
kakung saha kaluwarganipun. Calon pengantèn kakungdèrèng angsal
kepanggih kaliyan calon pengantèn putri. Calon pengantèn putri dèrèng angsal
medal saking kamar awit jam 6 sonten ngantos tengah dalu. Wonten ing
acaramenika wonten acara peningsetan.

Peningsetan
iku upacara penyerahan barang-barang
saka calon penganten kakungkanggo calon penganten putri. Acara penyerahan
barang-barang iki diarani srah-Srahan. Barang kanggo peningset umume sing kusus kanggo calon penganten putri dadi
umume barang-barang wong putri, misalerasukan putri, selendang lan sing
utama perhiasan cincin kanggo simbol pengikat utawa nyatu'ake pasangan penganten lankaluargane
masing-masing.

Nyantri
inggih menika kegiatan calon pengantèn kakung sapengombyong
nyantriwonten ing dhaerah ingkang celak kaliyan dalemipun calon pengantèn
putri.Tuladhanipun pihak calon pengantèn putri mbiyayai utawi nyewakaken papan kanggé pengantèn kakung nyantri. Wonten ing mrika wonten perwakilan setunggal sakingkaluwarga
pengantèn putri.
4.Srah-srahan
Srah-srahan iku uga diwastani "asok
tukon" yaiku calon pengantèn kakungmènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal
kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan.Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik , jajan pasar lan liya-liyane. Saliyanéiku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragatiupacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.
5. Ijab Kabul
Ijab kabul yaiku acara nalika pengantèn kakung ngucapaké janji bebojoan
karo pengantèn putri lan diseksèni wong akèh supaya bisa sah nikahé.
6.Upacara panggih
Sarampunge acara ijab kabul (akad
nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah.Tujuané
yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih)
karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran,Timbang,
Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.
7.Upacara balangan suruh / gantalan
Gantalan iku suruh sing ketemu rose banjur
di wenehi gambir lan digulung, di iketnganggo benang Lawe. Penganten putri
mbalang temanten kakung kasebut Gondhangkasih ugi tementen kakung mbalang
temanten putrid kasebut Gondhang Tutur.
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane pengantenkakung
lan putri.
8.Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putrimisuhi/ngresiki
sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara ikiminangka
prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marangkaluwargane.
9. Pupuk
Ibu pengantèn putri ngusap-usap
sirah/mustaka mantu kakung minangka tandhaikhlas nampa manten kakung mau dadi
bageyan kulawargane.
10. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain
sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
11. Timbang
Pinangantèn sak kloron lungguh ing
pangkonané bapaké pengantèn putri,minangka perlambang katresnané wong tuwa
marang anak padha karo mantu.
Dhékorasi
Dhékorasi dipasang ing dalemé sing duwé
gawé, wujudé werna-werna.
12. Dhahar Klimah
Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan
minangka pralambang pinangantènkekalih arep urip susah lan seneng kanthi
bebarengan.
13. Mertui
Wong tuwane pengantèn putri methuk wong
tuwané pengantèn kakung ing ngarepomah lan bebarengan tindak menyang acara
resepsi.
14. Sungkeman
Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun
pangèstu marang wong tuwa kekalih.
15. Kendurèn / resèpsi
Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga kadang diaraniresèpsi
utawa walimahan. Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara
slametan, slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakaké. Ing acara
iki, pasangan pengantèn nrima mangayubagya sakasedulur , kanca uga kabeh sing teka ingacara iki.
Dhékorasi
Dhékorasi dipasang ing dhalemipun ingkang
gadhah dhamel, wernané wonten kathah.
Masang Tarub
Masang tarub gumantung marang kahanan ing
dalemé sing duwé kajad.
Pemaes
Upacara paesing calon pengantèn putri ing
wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahanditindhakke juru paes utawi dhukun
pengantèn.

NO
|
GAGRAK YOGYA
|
GAGRAK SOLO
|
KATRANGAN
|
1
|
Nontoni
|
Nontoni
|
Nepangakencalon temanten kekalih
ingkang sampun di jodohaken, ugo kangge arana silaturahmi dating kaluarga
calon besan
|
2
|
Lamaran
|
Lamaran
|
Upacara ingkang katindakan lan
saksampunipun angsal sisik melik lare istri dados incerane cetha dereng
di pung wengkukakung
|
3
|
Asok tukon
|
Asok tukon
|
Penganten kakung menehake
uborampe marang kaluarga penganten putrid kanggo ganti tagging jawab
tiang sepuh
|
4
|
Srah srahan, nyantri
|
Srah srahan
|
Calon penganten kakung menehke
ubo rampe sak ragat sing bakal kanggo nglaksanake pahargyan penganten.ing
yogya enten nyantri utawapenganten lanang dititipake marang kaluarga
pengantenn putri
|
5
|
Tarub
|
Tarub
|
Satunggaling adat ngawekani
datingipun bab bab ingkang mboten prayoga,mila tarub ugi dados sarana tolak
balak
|
6
|
Siraman
|
Siraman
|
Kanggo ngresikake jiwa calon
penganten lan kanggo penghormatan terakhir tiang sepuh hang ngunsi anake
menika. Solo enten penganten putrid di bopong kalih penganten putra teng
yogya mecah kendhi
|
7
|
Midodareni
|
Midodareni
|
Penganten putrid ora metu saka kamar
awit jam 6 sore nganti tengah wengi lan di kancani deneng sedulur2 putrine
sing ngancani sinambi aweh nasehat
|
8
|
Ijab
|
Ijab
|
Acara nalika penganten kakung ngucapke
janji bebojoan karo penganten putri lan di sekseni wong akeh
supaya bisa sah
|
9
|
Panggih
|
Panggih
|
Kembang mayang di gowo metu seko omah
lan di delekke neng prantan cedhak ngomah banjur di srempet ake marang
penganten kakung.
|
10
|
resepsi
|
Resepsi
|
Upacara pahargyan sak wise ijab qobul kaleksanaaken.
|
0 komentar:
Posting Komentar